Desa Pasuruhan Kidul, Jati, Kudus
Sejarah Desa Pasuruhan Kidul
Asal nama Desa Pasuruhan Kidul kapundhut saking nama dhaerah wonten ing Jawa Timur inggih menika Pasuruan. Manika amargi leluhur utawi asal-usul ingkang sampun dipunpitados saking para sesepuh dumugi jaman sakmenika, bilih Mbah Surgi Murang Joyo inggih menika pepundhen desa ingkang aslinipun saking Pasuruan Jawa Timur.
Wonten jaman biyen, Sunan Kudus nggadhahi putra ingkang maguru wonten ing dhaerah Jawa Timur. Pados putranipun ingkang sampun ngangsu kawruh saha maguru ngantos dhaerah Jawa Timur, Sunan Kudus paring dhawuh putranipun supados ngejak gurunipun dhateng Kudus saperlu ngajaraken ilmu ingkang dipungadhahi wonten ing Kudus.
Kanthi panyuwunipun Sunan Kudus, lajeng guru putranipun Sunan Kudus kersa sowan dhateng ing Kudus. Saksampunipun dugi wonten Kudus, lajeng nglangkungi lawang kembar Menara Kudus, guru putranipun Sunan Kudus lemes saha tiba. Pados menawi guru putranipun tiba, Sunan Kudus ndhawuhi supados gurunipun maos syahadad. Saksampunipun nglampahi menapa ingkang dipundhawuhaken Sunan Kudus, lajeng guru putranipun Sunan Kudus saged jumeneng malih saha nyuwun dipunpanggihaken kaliyan Sunan Kudus. Wiwit kepanggih kaliyan Sunan Kudus, guru putranipun Sunan Kudus dados muridipun Sunan Kudus, ingkang boten sanes inggih menika Murang Joyo.
Sampun dangu dados muridipun Sunan Kudus, lajeng Murang Joyo dipunparingi setunggal papan kangge manggen wonten ing sisih barat daya. Murang Joyo lajeng mlampah tumuju barat daya, dumugi setunggal papan wonten ing simpangan ingkang wonten jaman sakmenika dipunwastani Tugu Telon (perbatasan tiga desa : Pasuruhan Kidul, Prambatan, saha Purwosari). Wonten papan kala wau Murang Joyo bingung pados papan ingkang dipunmaksud dening Sunan Kudus. Lajeng Murang Joyo ningali sisih Kidul. Wonten kilatan cahya ingkang nedahaken wit Gandri saha dipunanggep tandha papan ingkang dipunmaksud Sunan Kudus. Lajeng Murang Joyo mlampah tumuju wit Gandri kala wau.
Sampun dangu anggenipun mapan wonten papan kala wau saha sampun kathah ingkang tumut ajaran ingkang dipunbeta, lajeng kaliyan umatipun pedhukuhan kala wau dipunparingi nama Pasuruhan, kanthi nama dhaerah asalipun Murang Joyo.
Amargi tambah kathah masyarakatipun, lajeng Pasuruhan dipunpara dados kalih, inggih menika sisih kidul saha sisih ler. Kangge dhaerah kidul dados desa piyambak inggih menika Pasuruhan Kidul lajeng sisih ler ugi dados desa piyambak inggih menika Pasuruhan Lor.
Komentar
Posting Komentar