Desa Pasuruhan Kidul, Jati, Kudus Sejarah Desa Pasuruhan Kidul Asal nama Desa Pasuruhan Kidul kapundhut saking nama dhaerah wonten ing Jawa Timur inggih menika Pasuruan. Manika amargi leluhur utawi asal-usul ingkang sampun dipunpitados saking para sesepuh dumugi jaman sakmenika, bilih Mbah Surgi Murang Joyo inggih menika pepundhen desa ingkang aslinipun saking Pasuruan Jawa Timur. Wonten jaman biyen, Sunan Kudus nggadhahi putra ingkang maguru wonten ing dhaerah Jawa Timur. Pados putranipun ingkang sampun ngangsu kawruh saha maguru ngantos dhaerah Jawa Timur, Sunan Kudus paring dhawuh putranipun supados ngejak gurunipun dhateng Kudus saperlu ngajaraken ilmu ingkang dipungadhahi wonten ing Kudus. Kanthi panyuwunipun Sunan Kudus, lajeng guru putranipun Sunan Kudus kersa sowan dhateng ing Kudus. Saksampunipun dugi wonten Kudus, lajeng nglangkungi lawang kembar Menara Kudus, guru putranipun Sunan Kudus leme...